Ing wektu wengi teka atiku katon tentrem ayem,
Ninggalake masalah - masalah kang wis tak lewati,
Lintang....
Lintang ing nduwur langit,
Cahayamu kerlap kerlip katon endah,
Rembulan...
Cahayamu madhangi alam ndonyo iki,
Nambahing endah alam ndonyo iki,
Lintang, rembulan cahayamu ing tengah wengi,
Bisa nentremake atiku iki.
sanajan angel
BalasHapuskoyo mecah watu
iku atose
tekatnu ibu
kunang-kunang
BalasHapuspancen endah yen sinawang cahyomu
pateng kemerlip
cahyomu kang biso nyinari peteng'e wengi
ARTI URIP ING ALAM NDONYO
BalasHapusUrip ing ndonyo iku tansah rekasa
Yen pancen pengen urip mulyo ing ndonyo
Urip ing ndonyo linuwih ana manfaate
Yen kita migunakake kanggo kabajikan
Ngisi kegiyatan saben dino
Karo hal-hal sing becik
Lan tansah ana manfaate kanggo kita
Apa tegese urip ing ndonyo
Yen kita ora iso manfaate kanggo kabajikan
Bisa-bisa urip ing ndonyo
Kita bakal sengsoro malah ora mulyo
Lurung anyar
BalasHapusWis wancine kowe mencaki lurung-lurung anyar,
Kutha sing mekar amarga ramene pasar,
Gang-gang buntu tumuju tembok watu,
Nglurung dharatan cengkar, lemah sangar.
Aku lan kowe winates ing pager,
Ditata rega, jaman semono tetep tak coba,
Ngrengkuh kabeh sing ketok neng mata,
Endahe sesawangan,
Nanging kabeh mung saderma sunggih warna.
Aku lan kowe mung bisa sesawangan saka kadohan,
Winates dalan sabrangan,
Tansaya ruwet karo wira-wirine tetumpakan.
Nunggu tekamu
BalasHapusAti iki rasane koyo loro banget
Ngerti sliramu karo wadon liyan
Netes luh ing mata
Koyo-koyo sliramu gag ngroso
yen aku tresno
tak batin loro ati iki
ora oleh guna yen aku ngomong sliramu
amarga sliramu wes dadi duwek e wong liya
luh ku trus netes
yen kelingan sliramu
aku pengen nglalekne awakmu
tapi aku gag iso…
mesti trus kelingan sliramu
GURU
BalasHapusWarna biru warnane kelabu
Dadi guru kudu iso ditiru
Kali wungu kota’ne santri
Dasi guru kudu sing mukti
ing dino iki
BalasHapusaku nulis geguritan ing blogmu
geguritan iki ngungkapake kesaning diri